Postingan

Menampilkan postingan dari 2017

MATERI BAHASA JAWA "CERKAK"

Gambar
KAWRUH CERKAK A.       PANGERTEN CERKAK UTAWA CERITA CEKAK Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang. Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah satunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. B.     UNSUR-UNSUR INTRINSIK Unsur-unsur intrinsik cerita cerkak, inggih punika : 1.        Tema Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos 2.        Watak         Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, jinising watak inggih punika : a.     Protagonis , yaiku paraga kang nduweni wata

MATERI BAHASA JAWA "PAWARTOS"

Gambar
KAWRUH PAWARTOS             Pawartos inggih menika palaporan nengingi kadadosan arupi paparan fakta saha data ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palaporan inggih menika 5W+1H, inggih menika Who (sinten), What (menapa), When (kapan), Where (wonten pundi), Why (kenging menapa), lan How (kadospundi). Tegesipun inggih menika sinten ingkang tumindak, menapa ingkang dipuntindakaken, wonten pundi papanipun, kenging menapa saged tumindak, kados menika, saha kadospundi caranipun.             Wonten pinten-pinten jinis pawartos inggih menika Pawartos Langsung(straight news), Pawartos Mendalam(depth news), Pawartos Opini(opini news) saha Pawartos photo. Struktur panyeratan pawartos menika awujud irah-irahan (head), baris tengah (dateline), teras pawartos (lead) saha wos pawartos (body). Prinsip panyeratanipun menika nengenaken fakta ingkang wigati piyambak, antawisipun fakta saha opini boten dipuncampur saha seimbang. Wosing pawartos menika minangka faktaning

MATERI BAHASA JAWA "UYON-UYON LAN GAMELAN"

Gambar
KAWRUH UYON UYON Uyon uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing pagelaran ringgit purwa. A. Kasusastran kang tinemu ing gendhing ; 1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang. 2. Cengkok yaiku lak – luking swara kanggo nglagokake tembang. 3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan 4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur. 6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras (swara cendhak tekan swara dhuwur). 7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang. 8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik. 9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gend