MATERI BAHASA JAWA "CERKAK"


KAWRUH CERKAK



A.    PANGERTEN CERKAK UTAWA CERITA CEKAK
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Cerita cekak inggih punika ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang.
Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking setunggal pragmen/adegan, gadhah satunggal plot utawi alur, setting ingkang tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak.
B.     UNSUR-UNSUR INTRINSIK
Unsur-unsur intrinsik cerita cerkak, inggih punika :
1.      Tema
Tema inggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos
2.      Watak
      Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, jinising watak inggih punika :
a.     Protagonis, yaiku paraga kang nduweni watak becik.
b.     Antagonis, yaiku paraga kang nduweni watak ala.
c.     Tritagonis, yaiku paraga kang dadi penengah.

      Bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika :
a.      Pacelathon paraga
b.      Gegambaranng paraga
c.       Gegambaraning blegeripun paraga

Kangge nggambaraken watak wantuning setunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
a)        Teknik Analitik
Inggih punika watak wantuning setunggaling paraga kagambaraken kanthi langsung dening panyerat.
Tuladhanipun : Jenenge bocah iku Tini Surtini, klambine kembang kembang abang, sumringah polatane, rambute ireng ngrembyak sapundhak, rai lonjong kulit resik, ayu.
b)        Teknik Dramatik
Inggih punika watak wantuning paraga kagambaraken kanthi :
·           Nggambaraken bab badan saha tindak tandukipun
·           Nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
·           Basa ingkang kaginakaken paraga
·           Cara anggenipun mikir saking paraga
·           Cara wontenipun paraga sanes

3. Latar
Latar inggih punika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah  cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan rikala kadadosan kasebat kalampahan.
a.      Latar Papan
Tuladhanipun : Omah kang bakal dikontrakake iku omah loji kang mapan ana ing sakulone kali Progo
b.      Latar Wekdal
Tuladhanipun : Srengenge ing mangsa panas kaya wulan Oktober ngono panase jumepet.
c.       Latar Swasana
Tuladhanipun : Kenthong titir marambah-rambah swarane wong lanang, wadon, gedhe, cilik padha apting jlerit golek keslametan. Dibarengi udan gede, angin tumiyup kaya prahara, pating kreyot omah padha ambruk mbaka siji.
4.      Alur (Plot)
      Inggih punika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.

Alur kaperang dados 3, inggih punika :
a.            Alur maju
èInggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b.            Alur mundur
èInggih punika reroncening kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampah mundur
c.             Alur campuran
èinggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur

Alur punika kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
a.        Pangantar
è Inggih punika perangan cariyos ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing wiwitaning cariyos
b.        Wiwitanig Prekawis
èInggih punika peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi dening paraga cariyos
c.         Klimaks
èInggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos ingkang minangka undering cariyos
d.        Antiklimaks
èInggih punika prekawis sakedhik mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical
e.         Resolusi
èInggih punika prekawis sampun saged karampungan

5.      Sudut pandang
Inggih punika kalengahanipun panyerat rikala nyariosaken, sudut pandang/point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
a.       Minangka Tiyang Ingkang Kapisan
èPanyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken
b.      Minangka Tiyang Ingkang Katiga
èPanyerat minangka dahalang ing cariyosipun

6.      Isi wejangan (amanat) / Piwulang luhur
            Inggih punika [iweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang badhe kaparingaken dhateng soksinten ingkang purun maos cariyos dening panyerat.
7.  Gaya Bahasa/Lelewaning Basa

C. UNSUR-UNSUR EKSTRINSIK
     Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyon punika. Unsur Ekstrinsik punika :
1.      Nilai-nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik lan ekonomi)
2.      Latar belakang gesangipun panganggit

3.      Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel

D. TULADHA CERKAK
SALAH PARKIR MOBIL
Neng siji pelataran parkir basement, ono loro pemuda gae seragam jasa pangiriman paket bingung neng cedhak tunggangan dekne kabeh. Pemuda siji lagi lingguh neng walik lakok, lagekne pemuda sijine meneh bertolak bangkekan neng ngarepe. “Dik, ban ngarep nyangkut neng sudut sikut pancang gedung. Maju ora iso, mundur ora iso. Piye iki?” Budi pitakon alon nggumuyokake kegoblokane, ora becus markir mobil. 
“Lah, mau parkire kepriye? Mlebu iso, mosok metune nyangkut?” takon pemuda sijine protes. Budi masar nyawang menyang sekeliling, ning ora ditemonane sijia satpam kanggo dijaluki tulung. “Wis, awake dhewe angkat wae mobile. Biyasa angkat montor, mosok geser sitik menyang kiwa ae loyo?” saur Budi ngasal.

“Hah?! Ngangkat mobil? Sing bener ae! Emang iso?” dijawab kanane. “Ya, awake dhewe coba dhisik, sing penting dijajal. Koe kanggonan kiwa, ana kanggonan tho. OK?” Sakarone jupuk ancang-ancang, nyekel kanggonan saka buri mobil kantor.

“Siji… loro…telu…!!!” Urat-urat nadine dekne kabeh anyak menonjol pas mulai ngangkat. Kringet ngrembugi pipi. Dumadakan wulang mbengok karo logat Jawane, “E.. E.. Ehhh.. aduuhhh.. bangkekan… Encok.. Encookkk.. cuklek suwi suwi balungku ‘ne ngene iki cerito ‘ne!” Budi sing krungune gumuyu. “Ahhh..koe kui...serius malah ngelucu! Dadi ilang iki tenaganne” saur Budi karo nepuk pundhak kancane kuwi sing asli kutha Jember.
“Ya entek…masa dikongkon angkat mobil! sing bener ae kon!” jawab ketus kancane. “Aduh…terus pie penake yo?” Budi bali pitakon. Dheweke wedi walik menyang kantor, arep kandha apa mendhuwurane? Budi lingguh neng walik lakok, lawang mobil sisih tan dheweke bukak separuh ben ora menyenggol mobil liya.

Iseng wae mesin mobil carry butut kuwi dheweke nyalake lan alon-alon mundurke mobil sembari ndeleng menyang arah ban tan ngarep ben bisa delok luwih leluasa. “Didiiikkk..mobile iso metu!!” jerit Budi. “Ahhh… apes, reti ngono ngopo nggak mau-maune mundurke mobile seh?” saur kancane mangkel. “Ya sopo sing reti.... ayo munggah, awake dhewe mulih menyang kantor!” lan dekne kabeh kedadeyan metu saka parkir basement

SUMBER : LKS BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER 2


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

ASBABUL NUZUL DAN ISI KANDUNGAN SURAH AN-NUR AYAT 2 DAN SURAH AL ISRA AYAT 32

MATERI BAHASA JAWA "UYON-UYON LAN GAMELAN"